It's about me

I dream a dream When it's tough, I close my eyes and The moment my dream comes true continue to recall and get up at the end of fear today too I tremble Like a baby bird, would it fall, unable to fly repeatedly I can do it, can my dream come true every time I'm fearful, my belief walking step by step again
Powered By Blogger

tentang dunia yang saya miliki

Kamis, 29 Maret 2012

TEMBANG JAWA / SEKAR JAWA ( VOICE OF JAVA)


TEMBANG TEMBANG JAWA  (SEKAR)
Voice of java

Di pulau jawa temabang atau sekar yaitu lagu tradisonal yang bisanya dinyanyikan di iringi alat music tradisional jawa yaitu gamelan atau karawitan penyanyinya disebut siden  . sinden adalah orang yang benar-benar mengenal tembang- tembang jawa . biasanya seorang sinden harus memilik nada vocal yang cukup tinggi . sinden boleh perempuan atau laki-laki. Tembang-tembang jawa biasanya dinyanyikan saat mengiringi suatu acar tradisional seperti pagelaran wayang, pernikahan, tari tradisonal atau hiburan lainya.
Setiap tembang pasti memiliki :


Gatra : adalah istilah tembang dalam secarik baris
Contohnya :
Dhandang gula : 10 gatra
Megatruh : 5 gatra


Guru Lagu :huruf hidup atau hurf vocal dalm akhir lagu disetiap  baris terakhir
Contohnya :
Anoman malumpat sampun : guru lagunya “ u ”
Praptèng witing nagasari : guru lagunya “ i ”


Guru Wilangan : banyaknya huruf vocal di setiap barisnnya
Contohnya :
Anoman malumpat sampun ( tembang kinanthi) : banyaknya huruf vocal  ada 8 atau disebut juga 8  wanda






TEMBANG TEMBANG JAWA Ada 3 jenisnya 
1. SEKAR AGENG
Memakai lampah atau pedotan
Tiap tembang berisi 4 gatra (baris)
Tiap baris tdak ad dhang-dhing nya
Diatur pernafasanya
Digunakan untuk prosesi yang sakral dan penting
Contohnya adalah : Citra mengeng , Kasumastuti , Minta jiwa, Pamularsih


2. SEKAR TENGAHAN
Tidak memiliki Lampah 
Jumlah suku kata tiap – tipa baris tidak sama
Diataur jatuhnya dhan-dhingnya
Diatur pernafasannya
Contohnya  adalah : Blabak , Girisa , Jurudemung , Wirangrong
1. Balabak
Tuladha iki dijupuk saka Serat Jaka Lodhang anggitan Ki Ranggawarsita.
(contoh ini diambil dari tulisan Jaka Lodhang anggitan Ki ranggawarsita )


byar rahina Kèn Rara wus maring sendhang
mamèt wé
turut marga nyambi reramban janganan
antuké
praptêng wisma wusing nyapu atetebah
jogané


 atau


Tuladha iki anggitane Ki Padmosukoco.
( contoh diambil dari anggitane /perkiraan ki padmosukoco)


kabalabak jroning jagad gedhe ana,
yektine
jagad cilik sinorotan surya, kembar
pandhane
soring surya ana gunung gung saguja,
blegere


2. Wirangrong
Tuladha iki dijupuk saka Serat Wulang Rèh anggitan dalem Ingkang Sinuhun Pakubuwana IV.
(contoh ini diambil dari tulisan Wulang Rèh anggitan dalem Ingkang Sinuhun Pakubuwana IV.)
dèn samya marsudêng budi
wiwéka dipunwaspaos
aja-dumèh-dumèh bisa muwus
yèn tan pantes ugi
sanadyan mung sakecap
yèn tan pantes prenahira


3. Jurudemung
Tuladha iki dijupuk saka Serat Pranacitra
(contoh ini di ambil dari tulisan Pranacitra )
ni ajeng mring gandhok wétan
wus panggih lan Rara Mendut
alon wijilé kang wuwus
hèh Mendut pamintanira
adhedhasar adol bungkus
wus katur sarta kalilan
déning jeng kyai Tumenggung.


Tuladha iki dijupuk saka Serat Sekar-sekaran anggitan Mangkunegaran IV.
cirining serat iberan
kebo bang sungunya tanggung
saben kepi mirah ingsun
katon pupur lalamatan
kunir pita kasut kayu
wulucumbu Madukara paran margane ketemu


4. Girisa
Metrum ini memiliki watak megah (mrebawani). Metrum ini diambil dari metrum kakawin dengan nama yang sama.
Dene utamaning nata, 8 a
Berbudi bawa leksana, 8 a
Lire berbudi mangkana, 8 a
Lila legawa ing driya, 8 a
Agung dennya paring dana, 8 a
Anggeganjar saben dina, 8 a
Lire kang bawa leksana, 8 a
Anetepi pangandika. 8 a




3. SEKAR MACAPAT
Tidak memiliki lampah
Jumlah suku kata tiap –tiap baris tiddak sama
Diaur jatungnya dhong-dhing( alunan music)
Tidak diatur Pernapasanya
Ada 11 pupuh ( macam tembangnya) yaitu :


1. PUCUNG


A. Bapak Pucung-
Dudu watu dudu Gunung
Sabamu ing Alas
Ngon-ingoné Sang Bupati
Praptèng marga-
Si pucung lèmbèhan grana


(gajah)


B. Bapak Pucung-
Among sirah lawan gembung
Padha di kunjara
Mati sajroning ngaurip
Mijil baka-
Si pucung dadi dhana  
(penthol korek)


C. Bapak Pucung
Duduk tampar dudu dhadhung
Dawa kaya ula
Pénclokanmu kayu garing
Praptèng griya-
Si pucung ngetokné cahya
(kawat lisrik)


2. KINANTHI
Anoman malumpat sampun
Prapténgwiting nagasari
Mulat mangangandap katingal
Wanodya yu kuru aking
Gelung rusak wor lan kisma
Kang iga-iga kaèksi


3. SINOM
Sun iki dhutaning nata
Prabu Kenya Majapahit
Kekasih Damar Sasangka
Atma mantuné ki  patih
Magang anyar awak mami
Lahta bisma praptaningsun
Ingutus sang Narpéndah
Kinèn mocok murdantaji
Marmaningsun ingutus ya mindho karya


4. DHANDANG GULA
Wadining kang sasmita jinarwi
Wruhing kukum iku wetekira
Adoh marang kanisthané
Pamicara puniku
Ngedohaken penyendhu
Kagunaan iku kinarya
Ngupa boga ,déné kelakuan becik
Wèh rahayuning angga


Atau dalam tulisan Serat Jayalengkara


Prajêng Medhang Kamulan winarni, (Diceritakan mengenai kerajaan Medhang Kamulan,)
narèndrâdi Sri Jayalengkara, (ketika sang raja agung Sri Jayalengkara)
kang jumeneng nerpatiné, (yang bertahta sebagai raja)
ambek santa budi alus, (memiliki pikiran tenang dan berbudi halus)
nata dibya putus ing niti, (raja utama pandai dalam ilmu politik)
asih ing wadya tantra, (mengasihi para bala tentara)
paramartêng wadu, (sayang terhadap para wanita)
widagdêng mring kasudiran, (teguh terhadap jiwa kepahlawanan)
sida sedya putus ing agal lan alit, (berhasil dalam berkarya secara lahiriah maupun batiniah)
tan kènger ing aksara. (tidak terpengaruh sihir.)


5. GAMBUH
Sekar gambuh ping catur
Kang cinatur polah kang kalantur
Tanpa tutur katula-tula ka tali-tali
Kadulu warsa kapatuh
Katutuh pan dadi awon


6. ASMARADANA
Aja turu soré kaki Ana Déwa nganglang jagad Nyangking bokor kencanané Isine donga tetulak Sandhang kelawan pangan Yaiku bagéyanipun wong welek sabar narima
7. DURMA
Damarwulan aja ngucireng ngayuda, 12 a
Baliya sun anteni, 7 i
Mangsa sun mundura, 6 a
Lah Bisma den prayitna, 7 a
Katiban pusaka mami, 8 i
Mara tibakna, 5 a
Curiganira nuli. 7 i
(Langendriyan)


8. MIJIL
Jalak uren mawurahan sami, 10 i
Samadya andon woh, 6 o
Amuwuhi malad wiyadine, 10 e
Ana manuk mamatuk sasari, 10 i
Angsoka sulastri, 6 i
Ruru karya gandrung. 6 u
(Haji Pamasa, Ranggawarsita)


9. PANGKUR
Lumuh tukua pawarta,
Tan saranta nuruti hardengati,
Satata tansah tinemu,
Kataman martotama,
Kadarmaning narendra sudibya sadu,
Wus mangkana kalih samya,
Sareng manguswa pada ji.
(Haji Pamasa, Ranggawarsita)


10. MEGATRUH
Tuladha iki dijupuk saka Babad Tanah Jawi anggitan Ki Yasadipura.
(contoh ini diambil dari babd tanah jawi anggitan ki yadadipura)


"sigra milir kang gèthèk sinangga bajul"
"kawan dasa kang njagèni"
"ing ngarsa miwah ing pungkur"
"tanapi ing kanan kéring"
"kang gèthèk lampahnya alon"


11. MASKUMAMBANG
Gereng-gereng Gathotkaca sru anangis
Sambaté mlas arsa
Luhnya marawayan mili
Gung tinamêng astanira


TeMBANG TEMBANG DOLANAN (lyric tembang –tembang dolanan)


1. CUBLAK-CUBLAK SUWENG
cublak cublak suweng.. suwenge ting gelenter..
mambu ketundung gudel 
pak empong lera-lere
sopo ngguyu ndelikkake
sir-sir pong dhele gosong
sir sir pong dhele gosong


2. GAMBANG SULING
Gambang suling, ngumandhang swarane
tulat tulit, kepenak unine
uuuunine.. mung..nreyuhake ba-
reng lan kentrung ke-
tipung suling, sigrak kendhangane


3. GUNDUL PACUL
Gundhul gundhul pacul cul, gembelengan
nyunggi nyunggi wakul kul, petentengan
wakul ngglimpang, segane dadi sak latar
wakul ngglimpang, segane dadi sak latar


4. TAMBA ATI
Tamba ati iku ana lima perkarane
Kaping pisan maca Qur’an sakmanane
Kaping Pindho sholat wengi lakonono
Kaping telu wong kang kang sholeh kumpulana
Kaping papt wetengira ingkang suwe
Kaping lima dzikir wengi ingkang suwe
Salah sawijine sapa biso ngelakoni
Insya Allah Gusti Pangeran njabani


5. LIR ILIR
Lir ilir, lir ilir, tandure wus sumilir
tak ijo royo-royo tak sengguh temanten anyar
Cah angon, cah angon, penekna blimbing kuwi
Lunyu lunyu yo peneken kanggo mbasuh dodo tiro 
dodo tiro dodotiro  kumitir bedah ing pinggir
Dondomana j'rumatana kanggo seba mengko sore
mumpung padang rembulane, mumpung jembar kalangane.yo surako surak hiyo.


6. JAGO-an
Jago jagoan
Jagone jago kate angereki sandhang lawe
Yong-yong se sota sate
Yong-yong se sota sate
Pari ayam solahe ana ngemban
Dhing thung dhangdhut dhang dhit erek
Dhing thung dhangdhut dhang dhit erek
Balur balur si balur ikan ginantang
Dhing thung dhangdhut dhang dhit erek
Dhing thung dhangdhut dhang dhit erek
Dhing thung dhangdhut dhang dhit erek


7. JAMURAN
Jamuran... jamuran...ya ge ge thok... 
jamur apa ya ge ge thok...
Jamur payung, ngrembuyung kaya lembayung, 
sira badhe jamur apa?


8. JARANAN
jaranan-jaranan... jarane jaran teji
sing numpak ndara bei
sing ngiring para mantri
jeg jeg nong..jeg jeg gung 
prok prok turut lurung
gedebug krincing gedebug krincing
prok prok gedebug jedher


9. KATé DIPANAH
Te kate dipanah
dipanah ngisor gelagah
ana manuk onde-onde
mbok sirbombbrok, mbok si kate mbok sirbombbrok,
mbok si kate mbok sirbombbrok, mbok si kate


10. KUPU KUWI
Kupu kuwi tak incupe
Munglakumu ngewohake
Ngalor ngidul ngetan bali ngulon
Mrono mrene mung sak paran-paran
Sopo biso ngincupake
Mentas menclok clegrok
Banjur mabur bleber


11. TAK LELA LEDHUNG
tak lelo lelo lelo ledung...
cup menenga aja pijer nangis
anakku sing ayu rupane
nek nangis ndak ilang ayune
tak gadang bisa urip mulyo
dadiyo wanita utomo
ngluhurke asmane wong tua
dadiyo pendekaring bangsa
cup menenga anakku
kae bulane ndadarikaya ndas butho nggilani
agi nggoleki cah nangis
tak lelo lelo lelo ledung
cup menenga anakku cah ayu
tak emban slendang batik kawung
yen nangis mudak gawe bingung
tak lelo lelo ledung..


12. Ménthok-  Ménthok
Menthok, menthok, tak kandani mung lakumu, 
angisin-isini mbok yo ojo ngetok,
ono kandhang wae enak-enak ngorok, 
ora nyambut gawe 
menthok, menthok ... 
mung lakukumu megal megol gawe guyu


13. MONTOR-MONTOR CILIK
Montor montor chilik sing numpak mblenger
Mak gredeg tekan kreteg
Ana grobak mandeg grobake isi babi
Babine sengrak sengrok
Montore muni ngak ngok
Ngok grok… ngokngok grokgrok


14. PANDHANG BULAN
Yo, poro konco dolanan ning jobo
Padang mbulan, padange koyo rino
Rembulane sing ngawe-awe
Ngelingake ojo podo turu sore


15. TOKUNG-TOKUNG
Tokung tokung
Angon bebek pinggir delanggung
Sig ngandhangi kaki sekti mandraguna
Are tokung tokung tak are are wek wek
Are tokung tokung


16. SLUKU-SLUKU BATHOK
Sluku-sluku bathok,bathoke ela-elo, 
siromo menyang solo, oleh-olehe payung montho, 
mak jenthit lo-lo lobah, wong mati ora obah, 
yen obah medeni bocah...


17. GAJAH-GAJAH
Gajah gajah kowe tak kandani
Mata kaya laron
Siyung loro ping gedhe
Kathik nganggo tlale
Buntut chilik tansah kopat kapit
Sikil kaya bumbung
Mung mlakumu megal megol mlakumu megal megol


18. AKU NDUWE  PITHIK
Aku duwe pitik, pitik tukung..
saben dina, tak pakani jagung 
petok gogok petok petok ngendhog siji, 
tak teteske...kabeh trondhol..dhol..dhol.. 
tanpa wulu..megal-megol.. gol.. gol.. gawe guyu...


19. CANDRANE ADHIKU
Candrane adiku siwidada
Bunder kim plegkim plegem kaya nrada
Njoget mendhegdem dhegen
Neng phendhapa
anggepe Chandra kaya raden gathutkaca


20. DHONDHONG OPO SALAK
dhondhong apa salak dhuku cilik cilik 
gendong apa mbecak mlaku thimik thimik 
adhik ndherek ibu tindak menyang pasar 
ora pareng rewel ora pareng nakal 
mengko ibu mesthi mundhut oleh-oleh
kacang karo roti adhik diparingi


21. SUWE ORA JAMU
Suwe ora jamu
jamu godong tela
suwe ora ketemu
ketemu pisan gawe gela


22. KIDANG TALUN
Kidang talun 
mangan gedang talun
mil kethemil...mil kethemil...
si kidang mangan lembayung


23. GOTRI LEGENDRI
Gotri legendri nogosari
Tiwul owal awul jadah mentul
Tolen olen olen jadah manten
Titenono sesok gedhe dadi opo


24. KODOK NGOREK
Kodok ngorek kodok ngorek ngorek pinggir kali 
teyot teblung teyot teblungteyot teyot teblung
Bocah pinter bocah pinter besuk dadi dokter 
bocah bodho bocah bodho besuk kaya kebo


25. PELEM-PELEM MENTAH
Pelem-pelem mentah
Entek entek no entek entek no
Sisane sang gatut koco
Gatutkoco edan gatotkoco edan
Omahe plek emplekan
Kidul kidul kono kidul kidul kono
Ono lintang galo galo
Dak sumpingi opo dak sumpingi opo
Dak sumpingi godhong telo
Ela elo eno


26. Butho-butho galak
Buto-buto galak solahe lonjak-lonjak
Ngadek sigrak-sigrak
Nyandak punco nuli tanjak
Bali ngadek maneh rupane ting celoneh
Kuwi buron opo tak sengguh buron kang aneh
Lawong kowe sing marah-marahi
Lawong kowe we we  we sing marah-marahi
Rupamu kok ngono hi… hi… aku wedi
Ayo konco podo bali
Galo kae galo kae
Rupane terak-terok rok … rok … rok… rok …
Matane plerak-plerok rok … rok … rok… rok …
Yo kulite ambengkerok


27. ULER KEKET
Uler-uler keket
Di cuthik kolat kholet
Le dhul dhule jendul
Le dhul dhule jendul